1.GREBEG
SURO
Grebeg Suro yaiku Upacara Tradisional
masyarakat Ponorogo kang wujudake acara rakyat.Seni lan tradisi sing
ditampilake kaya Festival Reog Nasional,
Pawai Lintas Sejarah dan Kirab Pusaka, dan Larungan Risalah Doa di Telaga
Ngebel. Grebeg suro termasuk acara tahunan kang dirayaakeben tanggal 1 Muharram (1 Suro tahun Jawa). Acara iki yo termasuk kegiatan sing disik kanggo nyongsong Tahun Kunjungan Wisata Jawa
Timur ben tahun.
Rangkaiane Grebeg Suro kayata,prosesi
nyerahake pusaka ning makam bupati kepisan ing Ponorogo.Sakwise kuwi disusul
pawai atusan uwong tekan pusat kota karo numpak bendi lan jaran seng dihiasi
.Sakwise neh ngadaake Festival Reog Nasional ing alun-alun kota.
2.
KHITANAN
Khitanan utawa Sunat ing basa arabkhitan uga bisa kasebut uga sirkumsisi (Inggris: circumcision) yaiku tumindak motong
utawa ngilangake salah sijiné bageyan utawa kabeh kulit panutup saka palanangan. Frenulum saka palanagan bisa uga
dipotong sacara bebarengan ing sakjroning prosedur kang asring karan jeneng .
Tembung sirkumsisi kanthi asal usul saka basa Latincircum (kang ngandut arti "muter") lancaedere
(artiné
"motong/ngètok").
SajarahKhitan
uga diwiwiti ing jaman prasejarah, wujud mangkana iku bisa dibuktekake dèning salah sijiné gua kang ana ing mesir awiwit jaman watu lan pasarenaMesir purba.[1] Alesan tumindak iki isih digambyarake ing
mangsa iku kanthi irah-irah kang ana lan teori-teori kang njelasake tumindak
khitanan utawa sunat iku bageyan saka ritual pangorbanan utawa ngelakoni sunnah
rosul (mangsa baliq).Ing pandhudhuk asring kasebut dèening mangsa tumuju kadewasa
utawa ing donya kasehatan bisa uga kasebut mangsa pangubahan estetika utawa
seksualitas.
3.
MENDHEM ARI-ARI
Mendhem ari-ari
iku salah sijining upacara kelairan sing umum diselenggarakake malah uga ana
ning dhaerah-dhaerah (suku-suku) liya. Ari-ari iku perangan penghubung
antara ibu lan bayi wektu bayi isih ning njero rahim. Istilah liya kanggo
ari-ari yaiku: aruman utawa embing-embing (mbingmbing).
Ing Jawa ana kapercayaan sedulur
papat, kakang kawah adhi ari-ari, ibu bumi, bapa angkasa.Wong Jawa
percaya yen ari-ari iku sejatine salah siji sedulur papat
utawa sedulur kembar si bayi mulane ari-ari kudu
dirawat lan dijaga umpamane enggon kanggo mendhem ari-ari iku diwenehi lampu
(umume senthir)
kanggo penerangan, iki dadi simbol "pepadhang" kanggo bayi. Senthir
iki dinyalakake nganti 35 dina (selapan).
Tata cara: Ari-ari dikumbah nganti resik
dilebokake ning kendhi utawa bathok kelapa. Sadurunge ari-ari
dilebokake, alas kendhi diwenehi godhong senthe banjur kendhine ditutup nganggo
lemper
sing isih anyar lan dibungkus kain mori. Kendhi banjur digendhong, dipayungi,
digawa ning papan penguburan. Papan penguburan kendhi kudu ning sisih tengen
pintu utama omah
4.
NANDUR PARI(NGURIT)
Beras dadi kabutuhane masyarakat, mula ya ora
nggumunake manawa ora sethithik beras kang kudu dicawisake.Dene kang kajibah
nyukupi beras ora liya para among tani, srana nggarap sawah nandur pari.
Mungguh kaya ngapa lan kepriye carane nindakake nggarap sawah, mbok manawa na
becike yen diandharake sawatara, wiwit gawe winih tumekane panen. Dhek jaman
biyen, nalika irigasi durung tumata, sadurunge ngancik ngolah lemah padha
nganggo petungan mangsa. Dene mangsa kang diugemi yaiku mangsa kanem lan uga
ngungak lintang luku kang wis katon manjer ing sisih wetan. Lumrahe pangolahe
lemah kawiwitan gawe pawinihan.Gawe winih mono ana kang nganggo
ngurit/nyebar.Cara-cara iku kajumbuhake karo kahananing lahan.Yen ing sawah
kono banyune angel, adate katindakake kanthi ngurit.Ngurit yaiku ndhedher wiji
pari kang isih wulen, dene kretegan yaiku pari kang disebar garingan tanpa
dilebi banyu.Kekarone wiji pari iku kadhedher ana ing lemah garing. Dene
nyebar, wiji didhedher ing lemah teles, wujud gabah kang wis nokol/thokol.
Sinambi ngenteni gedhene winih, Pak Tani nuli nggarap sawah.Sawah dilebi nuli
diluku, luwih dhisik sawah disukoni, yaiku maculi pojok-pojoking sawah kang ora
bakal kaambah dening luku. Nyukoni iku bisa uga katindakake sawise diluku,
Bakda iku, lemah dilebi lan dileremake sawatara sina supaya suket lan
gegodhongan padha bosok dadi lemi. Tindak mangkono iku arane didhayungake.
Sinambi ngenteni anggone ndhayungake, lumrahe pak tani nampingi utawa nembok
galengan supaya ora padha bolong, bisa wutuh, rapi lan rata. Sawise cukup
anggone ndhayungake, lemah dilumahake, tegese digawe rata srana digaru. Kanthi
mangkono brongkalan-brongkalan lemah padha ajur, satemah lemah dilawet dadi
leleran. Yen wis mangkono lahan siap ditanduri. Supaya tandur bisa tumata
larikane, katon runtut, luwih dhisik nancepake kepala, yaiku tancepan tandur
kang bakal dadi panutan. Kanggo rerangken tandur, ora lali dicawisake sesaji
kanggo panuwun lan panyuwun marang Gusti. Sawise dipasrahake nganggo didupani,
sajen banjur dikepung sing padha arep tandur, lumrahe para wanita. Piranti sing
kanggo tandur yaiku wilah sing diwenehi tetenger kang padha elete. Piranti iki
diarani klathakan utawa blak.Blak ditrapake manut kepala, nuli saben tetenger
ditancepi winih.Mangkono sabanjure lumaku mundur.Watara setengah sasi tandur
wiwit ijo, mracihnani yen urip, diarani nglilir.Watara umurt sesasi diwatun
utawa digosrok. Kajaba kanggo ngilangi suyket sing ngganggu, uga duwe tujuan
nggemburake lemah. Bakda iku tandur dirabuk.Ora antara sasi tandur dadi ijo
royo-royo, gumadhung. Tandur mekar, mundhak gedhe lan dhuwur. Ora suwe maneh
mlecuti, siji loro katon wulene.Dene yen wulen par iwis jumedhul kabeh, arane
mrekatak. Bakda iku wulen kang mentes padha tumungkul, dene sing gabug padha
ndangak. Saya suwe pari saya kuning. Yen wis mangkono becike sawah disat supaya
nyepetake pari padha tuwa. Sawise sesaji “wiwitan” dileksanani, pari banjur dipanen. (Kiriman
Sdwijosusastro)
5. UPACARA RUWATAN
Ruwatan iku salah sijining upacara
adat Jawa sing ancase
kanggo mbebasake wong komunitas utawa wilayah saka ancaman bebaya. Inti upacara
ruwatan iki sejatiné arupa ndonga, nyuwun pangayoman marang Gusti
Allah saka ancaman
bebaya-bebaya umpamanébencana alam lan liyané, uga ndonga nyuwun pengampunan dosa-dosa lan kesalahan-kesalahan sing
wis dilakoni sing isa nyebabaké bencana. Upacara
adat iki asalé saka ajaran
budaya Jawa kuna sing sifatésinkretis sing saiki diadaptasilan disesuaiké karo ajaran agama.
Maknane
Ruwatan sejatine reresik diri saka sakehing dosa lan panggawe ala, ngedhekake
rasa panembah marang Gusti kang akarya jagad dimen rahayu uripe. Tembung
"Ruwat" uga ateges "bebas" saka sakehing goda,coba lan
rencana, bebendu, dosa lara lan sapanunggalane. Ruwatan iku salah sijining
upacara adat Jawa sing tujuwané kanggo mbébasakéwong, masarakat utawa wewengkon saka ancaman bebendu. Inti upacara
ruwatan iki sejatiné ndonga,
njaluk pangayoman marang Gusti Allah saka ancaman bebendu umpamané bencana alam lan liyané, uga ndonga njaluk pngampunan dosa-dosa lan
kesalahan-kesalahan sing uwis dilakoni sing bisa njalari bencana.lan dingo
tulak bala ana ing sawijining desa,
6.
PENGANTENAN
Upacara pengantenan adat Jawa iku salahsijining
upacara sakral adat Jawa sing nduwe
rangkeyan-rangkeyanupacara lan tata cara singwis pakem.
Upacara pengantenan iki
ngelambangake pertemuan antara pengantenputri lan
penganten kakung neng suasana singkusus lan dilambangake dadi pasangan raja lan
ratu.Rangkeyan inti upacara umume diselenggaraake
neng daleme penganten putri, dadi sing dadipenyelenggara
utawa tuan umah yaiku wongtuautawa kaluarga penganten putri ning tetepdibantu
kaluarga penganten kakung.
Rangkeyan upacara-upacara pengantenan adatJawa iku
seje-seje miturut dhaerah uga
diselenggaraake sesuai kemampuan ekonomisosial
kaluargane.
Upacara-upacara penganten adat Jawaantarane:
o
Lamaran pengantenan
Upacara lamaran iku upacara kanggo nrimakaluarga
calon penganten kakung neng dalemecalon penganten putri. Upacara iki dadi tanda
yenwongtua utawa kaluarga manten putri setujuyen putrine didaeake pasangan urip
calon
penganten kakung.Neng acara lamaran iki biasane
sekalian kanggonentokake dina utawa tanggal penyelenggaraanrangkeyan upacara
lanjutane, utamane tanggalpesta penganten.
o
Siraman
Acara siraman iku sejati upacara perlambangkanggo ngresi'ake
jiwa calon penganten. Upacaraiki diselenggaraake sedina sedurung ijab kabullan
dilakokake neng umah masing-masing calonmanten, umume neng bagian umah sing
radhaterbuka kaya neng halaman mburi umah utawaneng taman ngarepan umah. Sing
nyirampertama biasane wong tua calon manten banjursedulur liyane uga pemaes.
o
Midodaren
Tembung midodaren iku asale saka basa Jawayaiku
widodari utawa bidadari neng basa
Indonesia. Acara iki ngandung makna yen
mbengisakdurunge acara pengantenan iku, kabeh parawidadari mudhun saka suwarga
kanggo awehpengestu uga kanggo pralambang yen sesuk nengacara utama, penganten
putrine bakal ayu kaya
widodari.Neng acara iki penganten putri ora metu
sakakamar wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi landikancani dening
sedulur-sedulur putrine singngancani sinambi aweh nasihat.Rangkeyan acara neng
wengi midodaren iki seje-seje neng saben dhaerah, kadhang ana singbarengake
karo acara peningsetan lan srahsrahan.
Srah-srahan iku disebut ugo "asok tukon"
yaikupihak kakung nyerahake uba rampe lan biaya singbakal kanggo ngleksanakake
pesta pengantenan.
7. SELAMETAN
Selametan yaiku tradisi ritual
sing di lakok ne masyarakat sing
wujud te ngundang tangga-tangga,sing di awali donga bareng-bareng karo lungguh
silo ing kloso ngubengi sego tumpeng.Slametan
kuwi dilakokne kanggo ngrayakne kabeh kedadean
contone,kelahiran,kematian,mantu,pindah omah,lan laine. Geertz
ngelompokne slametan cacahe ana 4,yaiku:
1.
Seng kaitane karo keuripan kaya:kelahiran,khitanan,mantu lan kematian
2.
Kaitane karo kedadean perayaan islam
3.
Kaitane karo ngresiki desa
Kaitane
kedadean seng ora biasa kaya budal nang perjalanan seng adoh,pindah omah,ngubah
jeneng,ngobati loro,ngobati pengaruh gaib lan laine.
8. SEPASARAN
Sepasaran iku salah sijining upacara adat Jawawektu
umur bayi 5 dina .Upacara adat ikiumume diselenggaraake sederhana ning
yenbebarengan karo aweh jeneng bayi, upacara ikidiselenggaraake radha
meriah.Tembung sepasaran dhewe asale sake tembungsepasar .Sepasaran umum
diselenggaraake sorenganggo acara kenduren lan ngundang seduluruga tangga umah.
Suguhan sing disajiakeumume wedang lan jajan pasar ning uga anabesek sing umum
kanggo ditentengan mulih.
9.
GREBEG SAWAL
Grebeg Sawal ugi dipunsebat grebeg pasautawi grebeg
bakda. Dipunwastani grebeg
sawal amargi upacara grebeg punikadipunadani ing
wulan sawal. Ancasdipunwontenaken grebeg sawal punika inggihingkang sepisan
kangge ngurmati wulan suciRamadhan. Bilih wonten ing wulan kasebat,umat Islam
dipunwajibaken siyam sesasi natas.Ancas ingkang kaping kalih inggih kanggengurmati
malem lailatul qadar utawi ingkangasring winastan maleman utawi
selikuran.Keraton ngawontenaken maleman/selikuranminangka upacara kerajaan
ingkangdipunadani saderengipun garebeg sawal/pasa.Pisowanan selikuran punika
dipunadani sabentanggal 21 wulan Ramadhan. Adicara punikadipunwiwiti nalika
jumeneng nata Sri SultanHamengku Buwono I ingkang salajengipundipundadosaken
tradisi kaliyan sultan-sultan
panerasipun. Nalika jumenengipun Sri SultanHamengku
Buwono VIII (1921-1939) tata
upacara punika dipundamel langkung gampil
lanupacara maleman punika dipunicalakenkawontenanipun nalika jumenengipun
SriSultan Hamengku Buwono IX .
Dumugi warsa 1941, wonten ing upacaragrebeg pasa
punika taksih dipunwontenaken
ugi upacara pisowanan grebeg minangka adatkeraton
wonten ing Sitihinggil . Lan,
minangka salah satunggaling tradisi wontening
grebeg pasa punika boten dipunwontenakenadicara tilik ing Mesjid Gedhe
Ngayogyakartakaliyan sultan saha para abdinipun. Anangingminangka gantosipun,
sultan ngawontenakenpasowanan ngabekten wonten ing BangsalKencono . Tradisi
ngabekten punika dipunadanisaben tanggal 1 Sawal lan nalika jumenengipunSultan
HB IX adicara punika dipuntindakaken
kanthi ringkes. Sultan boten malih lenggahwonten
ing singgasana emas (dhamparkencana) saha boten ngagem busana keprabon.
10.
BROKOHAN
Brokohan utawa barokahan iku salahsijiningupacara
adat Jawa kanggo nyambut kelairanbayi. Upacara adat iki nduwe makna
ungkapansyukur lan sukacita amarga proses klairan ikuslamet.Brokohan iku asal
tembunge saka basa Arabyaiku "barokah" sing maknane ngarepakeberkah.
Tangga teparo ya iku mliginé para ibuing saubengé diaturi rawuh malah kerep
tanpadiaturi rawuh padha nyambangi kulawarga singlairan saperlu ngucapaké rasa
mèlu bungah,biyasané kanthi nggawa bingkisan arupawedhak, sabun , kopi , gula
lan sapanunggalané.Sing tumindak minangka pangarsa adicara
Brokohan iki ya iku Dhukun Bayi . Sesajènupacara
sing dibutuhaké ya iku:
Tumrap golongan bangsawan: dhawet ,endhog mentah,
jangan menir, sega ambeng ,
sega karo lawuh, jeroan kebo, pecel karo lawuhayam,
kembang setaman, klapa lan beras .golongan rakyat biyasa: sega ambengan
singdumadi saka sega jangan, lawuh pèyèk, sambelgorèng , témpé , mihun, jangan
menir lan pecelayam.
Upacara nyenyuwun supaya bayi dadi bocahsing apik
sing diwiwiti kanthi mendhem ari-arilan nyadiakaké sesajèn brokohan sing
didummarang para tangga.Angkah :Upacara brokohan tujuwané
kanggo keslametanprosès kelairan uga pangayoman kanggo bayi,kanthi
pangarep-arep supaya bayi sing lairbisa dadi bocah sing apik.
11.TINGKEPAN
Tingkepan yaiku tata cara lan tata upacara
masyarakat Jawa sing dilaksanakake wektu kandutane wong wanita umur pitung sasi
lan mbobot sing sepisanan. Tingkepan kasebut uga mitoni. Pelaksanaane tingkepan
biasane dilaksanakake miturut itungan neptu (dina lahir lan pasaran calon ibu
lan calon bapak tuladha dina Senin pasaran Pon) kanggo nggolek wektu sing
dianggep tepat, keadaane calon ibu lan uga soko kepraktisan. Peralatan ( hal sing
mendukung pelaksanaane tata upacara tingkepan) sing digunakake akeh lan nduweni
makna simbolis. Peralatan kasebut yaiku pengaron (tampah banyu), toya suci
perwita sari (air suci yang diambilkan dari tujuh sumber), sekar setaman (bunga
mawar, melati, kantil lan utawa kenanga), nyamping (kain jarit) pitu jenis
(yaiku motif sidomukti, truntum, udan riris lan sing wajib kudu ana yaiku motif
dringin) lan mori (salembaran kain putih). Peralatan sing liya kursi chilik
(dhingklik), daun kluwih, alang-alang dan kapa-kapa, klasa bangka (klasa soko
anyaman godhong pandan), janur kuning, keris lan kunir, ndog pithik, kambil
gading sing nom, klenthing, pithik lan kurungan, siwur (gayung banyu soko batok
kambil ora diilangi kelapane), rujak lan dhawet. Ing buku iki tegese simbolis
peralatan kasebut diterangkake nganggo cara sederhana tapi jelas lan gampang
dimangerteni. Piranti (miturut sing nulis kanggo ngganti tembung sesaji amarga
sesaji nduweni nuansa aninisme lan dinamisme) tingkepan akeh lan uga nduweni
teges simbolis. Piranti kasebut yaiku tumpeng pitu karo lawuhe, tumpeng robyong
lan tumpeng gundul, ndog penyu (digawe soko ndok pitik pit sing diwarnai
abang), jenang procot, clorot, sekul punar (sega kuning), jenang (yaiku jenang
abang, jenang putih, jenang abang putih, jenang palang putih, jenang palang
abang, jenang baro-baro abang, jenang baro- baro putih, jenang sungsum lan
bubur sungsum, jenang lare), tumpeng damar, pring sedhapur (ruas pring cilik
pitu sing ditali), babon angrem, pasung, kupat pletek, apem, cenil lan klepon,
srinthil thiwul, kacang panjang, lobak, kubis, lembayung, nasi gurih lan
buah-buahan. Sawernane piranti kasebut ing buku iki sanajan ora jelas
disebutake bahan lan bentuk. Tuladha jenang procot digawe soko glepung beras
sing dimasak lan diwenehi gula. Ing bagian tengah diwenehi gedhang utuh sing
dimasak dhisik. Yaiku jenang procot karo pangarep jabang bayi lahir (mrocot)
cepet, lancar lan slamet ibu karo bayine. Proses upacara tingkepan soko pambuka
(dilaksanakake karo pembawa acara, sambutan sugeng rawuh lan ucapan matur suwun
kanggo tekane para tamu, diterusake upacara inti tingkepan yaiku sungkeman,
siraman, sesuci, pecah pamor, brojolan, sigaran, nyampingan, luwaran lan
simparan, wiyosan, kudangan, bubukan, kembulan lan unjukan, kukuban, rencakan,
rujakan lan dhawetan. Sawise upacara inti rampung bisa diterusake karo mangan
bareng lan acara terakhir yaiku penutup. Proses upacara tingkepan ing buku iki
diuraiake cukup jelas. Upacara tingkepan menehi ucapan matursuwun, donga lan
pangarep marang gusti allah.
12.
BERSIH DESA
Bersih desa iku salahsijining upacara adatJawa
sing diselenggara'ake bubar panen paridadi maksude kanggo ngucapake
syukurtandhuran pari brasil dipanen lan kasile apik.Upacara adat iki kadhang
uga diarani upacaramreti desa lan biasa digabung karo upacaraadat sedekah bumi
utawa mreti bumi.Masing-masing dhaerah nduwe tata cara lanprosesi upacara sing
seje-seje miturutkabiasaan masing-masing ning tujuane padhawae.
1. Sajarah
Ing jaman mbiyen upacara adat iki dikaitakekaro
Dewi Sri sing dianggep sebagai dewi parimerga kebrasilan panen iku kasil
kemurahansaka Dewi Sri sing wajib disyukuri.
2. Tujuan
Kanggo ngucapake syukur marang Tuhansing wis aweh
anugrah kasil panen pari sing
MelimpahKanggo njaga keslametan para warga desasaka
gangguan hal-hal sing gaib, roh utawaarwah sing gentayangan uga saka gangguan-
gangguan penyakit, keamanan lan bencana.Kanggo
ngresi'ake desa lan wargane sakaalangan utawa kesusahan supaya kaadaan desadadi
tentrem lan aman.
3. Prosesi
Prosesi upacara umume diwiwiti bubar panenanpertama
utawa methik, lokasi upacaranepertama neng pesawahan sing wis dilengkapikaro
ubo rampe antarane: janur kuning ,kembang setaman, kemenyan , kaca, suri,banyu
kendhi , jajan pasar , bungkusan sega langedhang . Bubar acara ndonga, pari sing
wisdipetik digotong neng lumbung pari. Nenglumbung pari uga wis disiapake
perangkatupacara lanjutane sing umume digawe sakagodhong antarane godhong
kluwih, dhadhapserep, godhong mojo, godhong tebu, godhongjati uga godhong luh.
Masing-masing godhongiku nduwe fungsi lan makna.
13. NYADRAN
Nyadran iku salah siji prosèsi adat budhayaJawa
awujud kagiyatan setaun sepisan ing sasiRuwah wiwit saka resik-resik saréan
leluhur,mangsak panganan tertamtu kaya déné apem ,ater-ater lan slametan utawa
kenduri . Jenengnyadran iki asalé saka tembung sraddha ,nyraddha, nyraddhan ,
banjur dadi nyadran. PJZoetmulder ana ing buku Kalangwan uganyritakaké bab
upacara sraddha kanggomèngeti sédané Tribhuwana Tungga Déwi anaing taun 1350
.Upacara sraddha minangkapèngetan raja-raja síng wís puput yuswa ugasinebut ing
kidung Banawa Sekar, nganggo ubarampé wujud baita (prau) síng digawé
sakakembang (puspa, sekar).Tradhisi nyadranpranyata wís lumaku wiwít jaman
Majapahitnganti saiki. Pakurmatan kanggo leluhur isihlestari lan dipepetri
déning masarakat, mliginéing tlatah padésan. Nyekar ing sasi Ruwahnduwèni
surasa utawa wulangan marang anakputu supaya padha tresna lan élíng marang
leluhur.
14.TEDHAK
SITÈN
Tedhak sitèn utawa tedhak siti iku salah
sijiupacara adat Jawa kanggo bocah umur 7 wulanutawa 6 lapan. Upacara iki ing
dhaérah liyaing Nuswantara uga ana, contoné sing diaraniupacara injak tanah ing
dhaérah Jakartadéning suku Betawi utawa uga ana singngarani "mudhun
lemah" lan "udhun-udhunan".
Tedhak sitèn iku asalé saka tembung tedhak,idhak
utawa mudhun lan sitèn (saka tembungsiti) utawa lemah (bumi). Upacara iki
kanggoperlambang bocah sing siap-siap njalani uripliwat tuntunan wong tuwa
landiselenggarakaké yèn umur bocah wis 7 selapanutawa 245 dina (7 x 35 = 245).
Sebabe Dianakaké:
Upacara Tedhak sitèn dianakaké amarga anakapitayan
masyarakat Jawa yèn lemah kuwinduwéni makna ghoib lan dijaga Bathara Kala
.Kanggo ngindari kadadéyan sing ora becik,mula dianakaké upacara ngenalaké
putra-putriné marang Bathara Kala minangka singnjaga lemah. Anggone nglakoni
upacara iki,luwih becik miturut weton .
Ubarampé Upacara TedhakSitèn :
Ubarampé kanggo upacara tedhak sitèn akèh,
kayata:Pengaron sing diisi kembang setaman
.Kurungan, kanggo nggambaraké yén donyané
anak isih sithik utawa ciut.Werna-werna barang sing
diséléhakésajroning kurungan kang nggambaraké suwènéurip, manungsa duwé
kawajiban nggolèk"nafkah", kayata:
1. Pari sabengket
2. Kapuk sabengket
3. Piranti nulis
4. Bokor kang diisi beras kuning
5. Werna-werna jinis dhuwit
6. "Perhiasan"
1. Klasa sing isih anyar, kanggo lémèk ningjeroning kurungan.Bakaran pitik,
kang nggambaraké pedomanuripé anak.
2. Tangga tebu "arjuna", yaiku tebu singwernané ungu kang
nggambaraké undhak-undhakané urip sing arep dilakoni anak.
3. Jadah pitung werna, yaiku abang , putih ,ireng, kuning , biru, ungu lan
jambon. Tegesékanggo ngemutaké anak yén urip kudu waspadasaka godaan
werna-werna.
4. Bancakan, kayata sega gudhangan singdibagékake marang para tamu sing teka.
Urutané upacara tedhak sitèn :
o
Tedhak jadah pitung warna:
yaiku anakmlangkah utawa ngidak jadah pitung warna
kang diréwangi ngidak
déning ibu, jadah ditatasaka warna sing padhang nganti warna singpeteng, iku
kabèh perlambang déné urip iku oragampang nanging kabéh alangan singdirasakake
mengko mesthi bakal ana dalan kangpadhang tumuju kamulyan lan
kasantosan.Munggah andha tebu arjuna: tebu ikupralambang antebing kalbu, supaya
anggonénitih urip ning donya iki bakal manteb lan tebuarjuna pralambang supaya
anak sing munggahtebu iku bisa duwéni solah bawa kaya déné
arjuna.
o
Kurungan: kurungan iku
pralambang urip ingdonya iki, ing jero kurungan diwénéhi akèhdolanan lan
ubarampé pagawéan kayatakertas, gunting , pethèt lan liya liyané, dolananutawa
ubarampé pagawéan sing dipilih déninganak iku kaya tandha bésuk bakal duwénipagawéan
mau.
Siraman: kanggo nyucèni raga lan jiwa,muga muga
bisa gawa jeneng arum kanggokaluwarga kayata banyu kembang sing kanggoacara
siraman anak mau.
15.
AQÉQAH
Miturut etimologi, tembung
Aqéqah punikaasalipun saking basa Arab , ingkang anggadhahipangertosan nugel
utawi motong . Miturutistilah, aqéqah inggih punika nyembelèhwedhus wonten ing
dinten kapitu saking dintenklairanipun bayi , minangka raos sukurdhumateng
Gusti Allah SWT . Ananging ugiwonten ingkang paring pangertosan menawiaqéqah
punika nugel rikma ingkang wonten ingmustakanipun bayi ingkang nembé lair.
Kanggébayi ingkang jaler dipunsembelèhaken wedhuskalih, manawi bayi ingkang
putridipunsembelèhakenwedhhus setunggal.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar